Gunung Šar

Macedonia / Tetovo / Sipkovica /
 giri, invisible (en)

Pagunungan Šar (Albania Malet e Sharrit, Basa Serbia: Шар Планина, Šar planina, Basa Makedonia: Swara Шар Планина, Šar planina) iku sawijining pagunungan ing tlatah Balkan sing mujur saka Kosovo kidul[a] lan saloré Makedonia nganti tekan Albania wétan-lor.

Ing jaman kuna pagunungan iki dikenal minangka Scardus Oros, Scordi montis lan Scordus, lan dipercaya yèn jeneng modhèrné dijupuk saka jeneng kuna iki.[1] Ing Basa Albania, tembung "sharr" maknané "graji", ngarujuk marang wangun pucuké sing kaya graji. Kadhang-kadhang uga diarani Carska planina ("Gunung Tzar")[2][3], ngarujuk marang ibu kutha (Prizren lan Skopje), lapangan (Nerodimlje, Pauni, Svrčin, lsp.) lan kuil-kuil (Sveti Arhangeli) ing jaman karajan Serbiasing dumunung ing saubengé tlatah iki; tembung basa Serbia šar (шар) tegesé "orb" (globus cruciger).[4] Tembung Basa Makedonia šara (шара) maknané "mottle".

Pagunungan Šar nduwèni jembar total 1600 km. 56,25% saka tlatah kasebut ana ing wilayah Makedonia, 43.12% ing Kosovo, lan 0,63% ing Albania.[5] Ana telu pagunungan Sirinic, Vraca lan Rudoka.[6] Rangkéan pagunungan iki dawané watara 80 km (50 mi) long and wide.
Nearby cities:
Kordinat:   42°1'57"N   20°54'38"E
  •  34 km
  •  76 km
  •  100 km
  •  122 km
  •  138 km
  •  149 km
  •  165 km
  •  333 km
  •  437 km
Array